Lirik Lagu 'Lamunan' Niken Salindry

Lirik Lagu 'Lamunan' Niken Salindry

Niken Salindry-ILUSTRASI/NET-

Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan

Tresnaku mring sliramu sayang

Cahyaning mbulan kang sumunar abyor ing tawang

Yekti sliramu kang dadi lamunan

 

Sumribid angin ratri tansah hangantheni

Setya nrajang telenging ati

Angen angen tumlawung suwung ing wengi sepi

Tansah angranti tekamu duh yayi

 

Wong ayu age nyedhak a ing sandhingku

Nyawang manising esemu

Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku

Haywa pegat tresnamu sayangku

Sumber: